Retorika Jawa

Sugeng enjing.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredhamudha ingkang winantu suka basuki.

Namung sakderengipun, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula. Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Ing dinten punika kula lan panjenengan saged makempal ing pahargyan “ Sarasehan Paguyuban Pecinta Wayang Indonesia taun 2011”

Wayang menika pagelaran ingkang ngagem boneka umumipun. Wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakterw ayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damelw ayang saking suket, tuwin kerdus, anangingw ayang jinis menika boten kathah.

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang menika saktemene bentuk asline wis ana biyen-biyen, rikala isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budayaw ayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budayaw ayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.

Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga bisa disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaranw ayang.

Kacarios woten ing wiwitaning tahun masehi, bangsa Hindu ingkang asalipun saking Jazirah India kathah ingkang sami datheng dados imigran ing Indonesia. Lajeng kebudayaan Hindu-Budha menika pungkasanipun saged dipuntrima dening masyarakat Jawi. Wonten ing jaman menika, basa Sansekerta sampun dipunagem dening bangsawan ingkang salajengipun mempengaruhi basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ing mriki kesenian wayang kaliyan bangsa Hindu dipunagem dados wadah ngembangaken tuwin wedharaken budaya agami Hindu wonten ing carios Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados mekaten menika lajeng ndadosaken campur tuwin manunggalaken budaya asli Indonesia kaliyan Hindu. Kesenian wayang ndadosaken agami Hindu cepet nyebar, ngresep tuwin dipuntampi dening masyarakat

Kira-kira wiwitane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale saka jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.

Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkana kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.

Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya saka Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya ngripta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkana mau akeh sing ditiru saka gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.

Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus

wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.

Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji.Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ana panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu saka lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.

Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkana kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owahi, digawe saka kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol- simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.

Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh. Wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane. Wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana

Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang edi peni ing babagan crita dongeng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).

 

Purnaning atur kula nyuwun agungig pangaksami menawi wonten ukara ingkang kirang sae. Makaten atur kula. Nuwun.