Serat ini milik Tumenggung Dipokardjono, Seorang priyagung di Sokawati (Sragen)

Judul

Iki piwulang kanggo nyinau rasa, ngleremake hawa napsu uatawa lali marang tumindhak nistha, eling marang tumindhak kang utama.

Isi :

Ing ngisor iki piwulang kanggo tumindhake wong ana donya, kang supaya uwong ora tumindhak ala , utawa kang supaya murih apike, lan jalari baman marang Pangeran, ing awal tumeka jaman akhir.

Piwulang ing ngisor iki dudu pirantune gayuh ing atase bandha donya, amung piwulang kanggo nyinau marang katrenteman lan kasabaran, narima , tawakal, eling marang pangeran lan rumangsa yen kawula ura wani amasesa.

Ing ngisor iki piwulange wiwit kitik tumeka titik, utawa upamane bocah sekolah wiwit klas 1 tumeka klas 7 kayata :

Titik 1                          : kena diarani kawruh

Titik 2                          : kena diarani pecahe Sahadat

Titik 3                          : kena diarani Pepuntone Kawruh

Titik 4                          : kena diarani Soroge Kawruh

Titik 5                          : kena diarani Wiji Permati

Titik 6                          : kena diarani Wiji

Titik 7                          : kena diarani Pepuntone tekat

Maknane ing ngisor iki wiwit tegese satitik . Titik 1 isine Bab kayata : 1. Kawruh, 2. Sedulur, 3. Pal Kodrat, 4. Kurup lima, 5.Salat, 6. Ringkesaning Kurup , 7.Pirantine.tegese :

1.Kang diarani kawruh iku tegese pepacak,tegese inggisor iki :

  1. Aja Rusuh tegese aja melik darberke liyan
  2. Aja Jabal tegese aja gegethingan lan sesengitan
  3. Aja Drengki, aja panas tenan
  4. Aja Dahwen tegese aja ngrasani alane uwong dene pawengkone wis dadi wajibe.
  5. Aja Gumedhe tegese  aja beda-bedakake, bedane wis katut pranatane jagad
  6. Aja Kumingsun tegese aja ngaku pinter, ning pinter mung Pangeran dhewe
  7. Aja Kuminter  tegese aja nenacat kawruh utawa agama liya-liyane
  8. Aja Kagetan tegese aja kelu barang kang elek
  9. Aja Kareman tegese aja duwe pakareman
  10. Kudu santosa ing Budi tegese kudu mantep
  11. Kudu kenceng tapihe tegese kudu sawiji tekate utawa ora goroh
  12. Aja Lemer tegese aja duwe pepinginan
  13. Aja mrengut tegese aja nesu
  14. Kudu manut tegese kudu miturut barang kang bener

Pepacake urip ana 3 kayata :

  1. Kudu Telaten tegese  kudu kulina neniteni  aba –obahing jagat
  2. Kudu Rila tegese ora ngresula utawa ora arasen utawa ora bosen
  3. Kudu Eklas tegese ora ngresakake barang kang wus icul utawa barang kang wus kebacut

Pepacake tuwa ana 3 kayata :

  1. Kudu Eling tegese kudu ngeling-eling marang wajibe
  2. Kudu Melek tegese kudu betah melek solur banjur adus, perlune kang supaya lerem pancadriyane
  3. Kudu adus dhen esuk sak durunge jedhul Srengenge perlune kang supaya bening pikire lan bening budine

Banjur kang diarani sedulur kuwi ana 10, sedulur 10 kena diperang dadi 3, kang sak perang 4 sedulur kang rumeksa ing jasat kayata :

  1. Siriyah asal saka Kringet
  2. Ariyah saka Ari- ari
  3. Wahdat saka kang Kawah
  4. Bayu saka kang Getih

Kang sak perangan maneh 4 sedulur kang asal saka Kodrat sasenetane kayata kang rumeksa pancadriya:

  1. Jaka saka ing Jantung
  2. Tilam saka ing Ati
  3. Plek saka ing Kebuk
  4. Remeng saka ing Rempelu

Kang sak perangan  maneh 2 kayata :

  1. Roh Alah  kang saka ing Biyung
  2. Roh Pati kang saka ing Bapa (titi sedulur kang rumeksa ing Jisimmu)

Banjur kang diarani Pal Kodrat, kang diarani Pal Kodrat iku akire wong arep mulih menyang jaman, kayata :

  1. Rengganging balung Githok kang diarani palengkunging Gadhing kuwi menawa wus renggang kurang 1000 dina konduring kamuksan.
  2. Garebeging talingan menawi tinutup wus ora nyuwara gumrebeg, kena diarani Kesekte Nagara Rahmat kuwi kurang 40 dina konduring kamuksan.
  3. Ketire Muhamat tegese cahya kang ana Sajroning Setra, kuwi  lamun wis ora ana kurang 40 dina konduring jaman kalanggengan.
  4. Kampusing napas kang metu ing Irung, kuwi lamun wis rasake karana anyep, kena diarani Rubuhe Gunung Turdian.Kuwi kurang 7 dina kondur ing kalanggengan.
  5. Palenggahan rasul, jroning Cethak digrayang karo ilat manawa wus ora karasa keri, kurang 3 dina mantuk mau
  6. Karindike awak utawa sakabehe kulit, menawa ginosok, wis ora kemrisik, kurang sedina sewengi konduring kalanggengan.

Banjur kurup 5 ing ngisor iki maknane

  1. Pangeran tanpa kemandang
  2. Surung tanpa gumantung
  3. Nur Putih panas jan wani
  4. Ingsun Pangeran kang sanyata , ing donya ora ana kana-kana

Banjur kang diarani Salat,

kang diarani Salat iku lebu wetune napas, titipane Salat kanthi panebut- panebute manawa napas melu panebute Alah, manawa napas melu panebute Muhamat, dadi titip Alah lan Muhamat. Perlune Salat mung saka kawula kawingkuhing kodrat utawa kanggone bakal anyumurupi pacake kang kasar utawa kang alus. Kang kasar iku raga wadag, kang alus iku Sukma.Dadine Salat ilange alam Sakir utawa alam Kabir, dumununge ana jagad pesagi. Ing kana ana lalam ora padhang, ora peteng, ora wadon , ora lanang, ora wandu, ing kana ana pepadhang dudu sorote diyan, dudu sorote Srengenge, dudu sorote lintang, dudu sorote rembulan, Sorote kang Murbeng  jagat dewe.wong Salat manawa ora tumeka ing kono kena diarani kandhek.

Wajibe Salat iku eling marang panebute. Anane napas metu panebute Alah kanggone bakal anyumurupi marang kodrate supaya ilang gagasane kang ora becik- becik. Anane napas mlebu panebute Muhamat, kanggone bakal anyumurupi marang uripe supaya ilang panandhange mulane den  okehake lebune katimbang metune, supaya akeh elinge.

Banjur kang diarani ringkese kurup iku tembunge mangkene.

Bebakalane Alah kuwi ora ana, anane mung asalan Panguwasa. Bebakalane Muhammat iku urip, bebaklane rasul iku gaban.

Banjur kang diarani Piranti  tembunge mangkene

Kudumen lir salate, kudu netepi pepacake , kudu ajeg panembahe.

Banjur titik 2 utawa klas 2 tembunge mangkene :

Papaning nguni-uni eling mula-mulanira, urip sejati manjing jumenenging pancadriya. Telakitilililoloh rasul babagan turu, rasul manjing Muhamat babagan melek. Muhamat manjing rasul jumeneng Rahsa, rasul manjing wung wang babagan Semedi, rasul Muhamat manjing sipat tuk kabeh jumeneng Hyang Permana.

Banjur titik 3 kang diarani pepuntoning Kawruh tembunge mangkene :

Sumebare rahsa, sumekare pancadriya, lereme pancadriya jumeneng cipta, cipta kawimbuhan lelereme rahsa, jumeneng Sirahsa, Sirahsa kawimbuhan lereme angin angambah alame manungsa lumebu ing bantala Mukaram Alah kak, Alah kak malangkah ing wates, tumeka ing wates munggah ing Kanajul Tarki jumeneng Sirolah, Sirolah malangkah ing wates, tumeka ing wates, saka ing wates angambah alam- alam antara lumebu ing BIintala Makmur jumeneng Eling.

Banjur titik 4 kang  diarani soroge Kawruh, ing ngisor iki tembunge :

Sirolah rasaningsun, jumeneng ing githok, Dat olah sukaningsun jumeneng ing Tenggok, Sipat olah rupaningsun jumeneng ing bun-bunan, Wujute olah jiwaningsun jumeneng ing jantung utawa Ngutek, terusing Irung, Byar padhang kang katon aku dhewe , Dat ingsun,aku jaluk Weca sak weca wija, sak temen-temene lan aku jaluk ………. Apa kang ginayuh waton nganggo ukuran.

Banjur titik 5 kang diarani Wiji Permati, tembunge mangkene :

Sak drurungr ana apa- apa, kang ana Gentha kakeleng, Gentha iku Ontha, Kekeleng iku samar, dadi Ontha samar, Sastra jendrayunengrat pangruwating diyu ,Sastra Sandi Sastra Cetha, Sandi Sastra nawang surti Jawi mantra. Banjur ilat iku kapadalake ing Cethak kang nganti bisa nyuwara tek-tek.

 

Banjur titik 6 kang diarani Wiji, tembunge mangkene, :

  1. Dat anurunke banyu sak tetes, Pangeran tanpa kemandhang
  2. Dadi surung tan gumantung
  3. Rupa Nur putih badan jasmani
  4. Asih ya ingsun Pangeran sanyata
  5. Bali ing  ana donya ora apa-apa
  6. Dadi Jagate, Pangeran tanpa Kemandhang
  7. Kosik, surung tanpa gumantung
  8. Wisik, nur putih badan Jasmani
  9. Lair lar sejatining Sukma ya ingsung Pangeran kang sanyata
  10. Mani sejati, sejatining sejatining uri-urip langgeng tan kena ning owah, ing donya ora ana apa-apa.

Banjur titik 7 kang diarani Pepuntone Tekat gumantung ana rasa pangrasane dhewe, kendho kencenging karep utawa sedyane.

Uger –uger kawruh iku ana 3, ing ngisor iki :

  1. Teteing pangudi saka dhemen
  2. Tetee laku saka rila
  3. Tetepe tapas aka ajeg

Jer ana pangudi ana bathi, jer ora ana pangudi ora ana bathi.

Lakune panyuwunan

Yen wis purun antara jam 6 ngadhega madhep ngulon, banjur angucapa :

ingsun angadheg ing satengah jagat, madhep ngulon Nur Kencana Remeng laire wengi, iki pangandikane Alah ‘kun payakun’, Siriyah, Ariyah, wahdat bayu, Jaka, tilam, Plek, Remeng, Roh Alah, Roh Pati, sedulurku 10, ingsun perang dadi 3, kang sak perangan 4 kang rumeksa ing jasat:

  1. Siriyah ana ing Kringet
  2. Ariyah saka Ari- ari
  3. Wahdat saka kang Kawah
  4. Bayu saka kang Getih

Sedulurku kang sak perangan maneh 4, kang asal saka Kodrat, panenetane saka Jantung, Tilam saka ing Ati, Plek saka ing Kebuk, Remeng saka Rempelu, Roh Alah saka Biyung, Roh Pati saka`ing Bapa, iku sedulur kang rumeksa jisimku, Papaning nguni-uni eling mula-mulanira, urip sejati manjing jumenenging pancadriya. Telakitilililoloh rasul babagan turu, rasul manjing Muhamat babagan melek. Muhamat manjing rasul jumeneng Rahsa, rasul manjing wung wang babagan Semedi, rasul Muhamat manjing sipat tuk kabeh jumeneng Hyang Permana.”

Banjur umenga mandhuwur angucapa mangkene “Bapa ngakasa”

Banjur umenga mangisor angucapa “ ibu Pertiwi aku jaluk ……… kang nganti tumeka batin

 

Banjur bengi jam 12 tumindhak maneh mangkene :

ingsun angadeg ana tengah jagat madhep ngalor, Sri Kalem uriping wengi., iki pangandikane Alah ‘kun payakun’Siriyah saka Kringet, Ariyah saka Ari- ari, Wahdat saka kang Kawah, Bayu saka kang Getih, Sedulurku kang sak perangan maneh 4, kang asal saka Kodrat, panenetane saka Jantung, Tilam saka ing Ati, Plek saka ing Kebuk, Remeng saka Rempelu, Roh Alah saka Biyung, Roh Pati saka`ing Bapa, iku sedulur kang rumeksa jisimku, Banjur umenga ing dhuwur angucapa ‘Bapa Ngakasa’, tumungkul ing bumi angucapa ‘ ibu Pertiwi aku jaluk­­……. Kang nganti tumeka batin“.

 

Banjur parak esuk sak durunge jedhul Srengenge dadi kena diarani Jar Sidik ,madhep mangetan angucapa mangkene:

ingsun angadeg ana tengahing jagat,madhep ngetan, Retna Dumilah laire rina. Iki pangandikane Alah’kun payakun’,Siriyah, Ariyah, Wahdat, Bayu,,jaka ,Tilam, Plek, Remeng, Roh Alah, Roh Pati, payakun’Siriyah saka Kringet, Ariyah saka Ari- ari, Wahdat saka kang Kawah, Bayu saka kang Getih, Sedulurku kang sak perangan maneh 4, kang asal saka Kodrat, panenetane saka Jantung, Tilam saka ing Ati, Plek saka ing Kebuk, Remeng saka Rempelu, Roh Alah saka Biyung, Roh Pati saka`ing Bapa, iku sedulur kang rumeksa jisimku. Papaning nguni-uni eling mula-mulanira, urip manjing sejati jumenenging pancadriya. Telakitilililoloh rasul babagan turu, rasul manjing Muhamat babagan melek. Muhamat manjing rasul jumeneng Rahsa, rasul manjing wung wang babagan Semedi, rasul Muhamat manjing sipat tuk kabeh jumeneng Hyang Permana

Banjur umenga mandhuwur angucapa “ Bapa Ngakasa”, banjur tumungkul ing Bumi angucapa “ Ibu Pertiwi” aku jaluk ……. Kang nganti tumeka batin.

 

 

Banjur awan jam 12 madhepa ngalor, angucapa mangkene :

ingsun angadek ana satengahing jagad, madhep ngalor Bambang Sunar Buwana uripe rina,iki pangandikane Alah’kun payakun’,Pangeran tanpa kemandhang, Surung tanpa gumantung, Nur Putih badan jasmani,ya ingsun Pangeran kang sanyata,ing donya ora ana apa-apa,

banjur umenga mandhuwur angucapa “ Bapa ngakasa “, banjur tumungkula ing Bumi angucapa “Ibu pertiwi aku jaluk …… kang nganti tumeka batin”.

Tumindhak ngadeg mau yen ana wektu angucapa mangkene, menawi wis mbok tindakake kang kasebut ing dhuwur mau, madhep mangulon, madhep ngalor, madhep ngetan, madhep mangidul padha :

  1. Angucapa “laujudan sirning” kaping 30
  2. Angucapa  “yahu kak samadining” kaping 30
  3. Angucapa “ kak hu samadining “kaping 30
  4. Angucapa “ hu kak sipat hukning “kaping 30

 

Petunge wong duwe perlu

Ing ngisor iki etunge wong arep duwe perlu, perlu apa wae. Uwong sak durunge mangreti marang ala utawa becike, sakabehe kasisedya murih kapenake nganggoa petung. Murih matenging sedya,dadi ora rongga-runggi. Sing Pramesthi mangkene :

  1. Dina kang digawe geblake bapa biyunge
  2. Dina kang digawe geblake bapa biyunge maratuwane
  3. Pengapesane kang duwe kajat lanang lan wadon.

Retine mangkene. Sing lanang wetone Slasa Legi, netune ketemu 8. Banjur dietung wiwitan uga dina Slasa Legi,Rebo Paing, Kemis Pon,sak piturute nganti ngentekake netune mau. Mengko entekke netu ana dina, ana dina Kemis Paing, uga dina Kemis Paing ora dingo.

Manawa arep duwe perlu, arep milih sasi kang dimathuki atase petung mangkene. Wetone sing duwe kajat lanang wadon dikumpulake. Netune ketemu pira, kayata : Slasa legi 10, Slasa Pon 8 sasi gunggun 18.Banjur jejera Kecik apa Krikil. 12 kang ing kono mangsut jenenge sasi kayata : Sura, Sapar, Mulut, sak piturute.

Banjur netu 18 mau diingakake siji-siji, wiwit sasi Sura,Sapar sak piturute. Nganti entek terus ditindakake kang nganti ora bisa tumindhak. Yen jalane Kecik utawa Krikil nang ngarep kono utawa nuwung.Banjur kang ditonton nang sasi kanggonan kecik akeh kang pantes dianggo ing atase petung.

Banjur goleka sasi wiwit tanggal 1 tumeka tanggal 30, kang ana dina Gara kasihe lan wedalane kang duwe kajat. Lan wedalane ning bakal arep dikangkat kaya dene temanten lanang wadon, utawa Tetakan lan Sunatan.

Banjur ngupayaa dina kang bakal dienggo. Golekana dina kang rambah kaping pira. Tegese mangkene: wiwit tanggal sepisan dina Kemis paing iku Kemis Kepisan. Banjur Kemis wage iku Kemis kaping pindho sak piturute nganti tumeka kentekake tanggal. Petunge ing ngisor iki :

1.Jemuah                  : 1.Manggih Harja                            : becik

2.Satrune Alah                               : ala

3.Harja Ageng                                 : becik

4.Dosa Ageng                                 : ala

5.Satrune Alah                               : ala

 

Setu                            1.Satrune Alah                                 : ala

2.Harja Ageng                                   : becik

3.Dosa Ageng                                   :ala

4.Harja Ageng                                   : becik

5.Satrune Alah                                 : ala

 

Minggu                      1.manggih palarame                      : ala

2.manggih guna                               : becik

3.Dosa Ageng                                   : ala

4.Harja Ageng                                   : becik

5.Satrune Alah                                 : ala

 

Senen                         1.Manggih guna                               : becik

2.Harja                                                 : becik

3.Eru                                                     : ala

4.Harja Ageng                                   : becik

5.Dosa Ageng                                   : ala

 

Slasa                            1.Satrune Alah                                 : ala

2.Harja harja                                     : becik

3.Asal                                                   : ala

4.Harja Ageng                                   : becik

5.Satrune Alah                                 : ala

 

Rebo                           1.Harja                                                 : becik

2.Harja Ageng                                   : becik

3.Dosa Ageng                                   : Ala

4.Harja Ageng                                   : becik

5.Satrune Alah                                 : ala

 

Kemis                         1.Manggih guna                               : becik

2.Satrune Alah                                 : ala

3.Harja Asih                                       : becik

4.Harja Ageng                                   : becik

5.Satrune Alah                                 : ala

 

Ing ngisor iki ketrangane sangat 5 :

Wiwit tanggal 1 tumeka tanggal 5, tanggal 6 tumeka tanggal 10, tanggal 11 tumeka tanggal 15 sak piturute. Dene uripe sangat saben 3 jam ganti, kajaba sangat kang akhir. Kang kebageyan jam 6 sore kewajiban sewengi tumeka jam 6 esuk.

 

Tanggal 1

Jam 6 tumeka jam 9                             : Amat pitutur

Jam 9 tumeka jam 12                           :Jaba Rail Kalangan

Jam 12 tumeka jam 3                           :Braim Pacak

Jam 3 tumeka jam 6                             : Dhusun Slamet

jam 6 tumeka jam 6                              :Ngijrail rejeki

 

Tanggal 2

Jam 6 tumeka jam 9                             : Jaba rail rejeki

Jam 9 tumeka jam 12                           :Braim pitutur

Jam 12 tumeka jam 3                           :Dhusun kalangan

Jam 3 tumeka jam 6                             : Ngijrail Pacak

jam 6 tumeka jam 6                              :Amat Slamet

Tanggal 3

Jam 6 tumeka jam 9                             : Braim Slamet

Jam 9 tumeka jam 12                           :Dhusun rejeki

Jam 12 tumeka jam 3                           :Ngijrail pitutur

Jam 3 tumeka jam 6                             : Amat kalangan

jam 6 tumeka jam 6                              : Jabarail pacak

Tanggal 4

Jam 6 tumeka jam 9                             : Dhusun pacak

Jam 9 tumeka jam 12                           : Ngijrail Slamet

Jam 12 tumeka jam 3                           : Amat rejeki

Jam 3 tumeka jam 6                             : Jabarail Pitutur

jam 6 tumeka jam 6                              : Braim kalangan

Tanggal  5

Jam 6 tumeka jam 9                             : Ngijrail kalangan

Jam 9 tumeka jam 12                           : Amat pacak

Jam 12 tumeka jam 3                           : Jabarail Slamet

Jam 3 tumeka jam 6                             : Braim rejeki

jam 6 tumeka jam 6                              : Dhusun rejeki

 

Ing ngisor iki diarani nas sasi

  1. Pasa
  2. Sawal
  3. Dulkaidah : aja nganggo dina Jemuah
  4. Besar
  5. Sura
  6. Sapar : aja nganggo dina senen, slasa
  7. Mulut
  8. Bakda mulut
  9. Jumadilawal : Aja nganggo senen, slasa
  10. Jumadilakir
  11. Rejep
  12. Ruwah : Aja nganggo dina Rebo, Kemis

Ing ngisor iki arane Pati dina

  1. 1.      Jemuah manggon ana Etan
  2. 2.      Setu, Akat manggon ing Kidul
  3. 3.      Senen, Slasa manggon ing kulon
  4. 4.      Rebo , kemis manggon ana Lor

 Ing ngisor iki petung menawa arep ngadegake omah. Luwih utama nganggo petung iki.

Golekana dina, ketemune pira, banjur dietung mangkene :

  1. Srih                        : kanggo bahan omah Buri
  2. Kitri                        : kanggo bahan omah Dhapa
  3. Gada                     : kanggo bahan omah Gandhok
  4. Lindhu                  : kanggo bahan omah Regol
  5. Pokah                   : kanggo bahan omah Kandhi

Ing ngisor iki petunge wong arep bali jaman utawa bayi lair.

  1. 1.      Jemuah                jam 8,10,12,3,4
  2. 2.      Setu                      jam 6,7,11,3,4
  3. 3.      Akat                      jam 8,10,1,3,5
  4. 4.      Senen                   jam7,8,12,2,5
  5. 5.      Slasa                     jam 6,11,1,3,5
  6. 6.      Rebo                     jam 7,9,11,2,4
  7. 7.      Kemis                   jam 8,11,1,3,4

Ing ngisor iki Wilujengan wong mulih jaman, wiwit Geblag tumeka Sewu.

Kayata geblage ana dina Akat Kliwon, tanggal ping 5 sasi Jumadilakir tahun Alip, petunge mangkene :

  1. Ngat kliwon        : geblage
  2. Slasa Paing          : 3 dinane
  3. Setu legi              : 7 dinane
  4. Kemis wage       : 40 dinane
  5. Senen wage       : 100 dinane
  6. Rebo Pon            : Pendhak sepisane
  7. Setu legi              : Pendhak sapindho
  8. Jemuah Wage   : sewu

Sapta wara

  1. Ngat                      : Geblage
  2. Senen                   : 100 dina
  3. Slasa                      : 3 dina
  4. Rebo                     : Pendhak
  5. Kemis                   : kemis 40
  6. Jemuah                : Sewu
  7. Setu                      : 7 dina

Panca wara

  1. Kliwon                  : geblage
  2. Legi                        : 7 dinane
  3. Paing                     : 3 dinane
  4. Pon                        : Pendhak sepisa
  5. Wage                    : 40, 100, 1000

Dene pendhak pindho di etung saka dina kang kanggo pendhak sapisan, upamane pendhak sepisan Rebon, Pendhak kapindhone dina Setu legi.

Manawa geblage ana tanggal 1, tumeka tanggal 5 , Sewune dina sasine mundur 3. Manawa geblage ana tanggal ping 6 sak piturute, Sewu dinane sasine mundur 2.

Ing ngisor iki donga tangi turu kang nalika turune ngimpi, kang donga mau tegese nyuwun pangapuraning Gusti Alah.

“ Bismilahirohmanirrohim, Allahuiniawudu bikaminngamalis saetani, wasatihtilammi birohmatikakamdha arkammurohimin

  1. 1.      Sambawane bawana
  2. 2.      Sambawane manah
  3. 3.      Sambawane sukma

1)    Kaheningan kalayan luyut

2)    Kaheningan bakahumlawung

3)    Kaheningan lega rahmat

Sarining rasa pindha pecahing Supana, Sarining permana kang sipat, Sanawinine samun, Sarining Sikma sejatine kang mangkana pun kakinan nugrahaneng Hyang Widhi.

Ing ngisor iki piwukang kanggo nyumurupi piranti badan jasmani

  1. 1.      Kawah manjing dhateng Amarah
  2. 2.      Tuntunan manjing dhateng Aluamah
  3. 3.      Puser manjing dhateng Supiyah
  4. 4.      Ari – ari manjing dhateng Mutmainah

 

  1. 1.      Amarah manjing malaekat Ngijrail
  2. 2.       Aluamah manjing malaekat Jabarail
  3. 3.      Supiyah manjing malaekat Mingkail
  4. 4.      Mutmainah manjing malaekat Ngisrail

 

  1. 1.      Kambali manjing dhateng Talingan
  2. 2.      Kanapi manjing dhateng Netra
  3. 3.      Maliki manjing dhateng Grana
  4. 4.      Sapingi manjing dhateng Tutuk
  5. 5.      Lapal bhe’ manjing bha’, lapal Alip manjing Alip, bha’ manjing banyu kang nguripi, Alip manjing Alip Alah kang nguripi.
  6. 1.      Ashadu                : Tangan kula kalih
  7. 2.      Lailaha                 : Badan kula sadaya
  8. 3.      Ilalahu                  : Nur cahya kula ingkang wening, jumeneng ing bathuk
  9. 4.      Wa’ashadu         : Suku kula karo
  10. 5.      Ana                        : Asmane Pangeran
  11. 6.      Muhamadar       : Sami kula alit
  12. 7.      Rasulaloh            : Rasa kula

Ing ngisor iki piwulang kanggo anyumurupi prabote uripe badan jasmani

  1. 1.      Anon                     tegese Senting Eling
  2. 2.      Non                       tegese rasane Eling
  3. 3.      Panon                   tegese pindhaning Eling
  4. 4.      Manon                 tegese kang ngudikake Eling

******************************************************************************

  1. 1.      Lintang Johar iku Puser
  2. 2.      Alah iku Badaningsun
  3. 3.      Mukamat iku cahyaningsun
  4. 4.      Rasul iku rasaningsun

******************************************************************************

  1. 1.      Iman tegese ngandel
  2. 2.      Tokit tegese Iradhat lan karsa
  3. 3.      Maripat tegese Waskitha
  4. 4.      Islam tegese Slamet

******************************************************************************

  1. 1.      Sa                           tegese sipat sawiji
  2. 2.      La                           tegese manungsa kang mardika
  3. 3.      Wat                       tegese Alah kang kuwasa

******************************************************************************

  1. 1.      Dat                         tegese ana
  2. 2.      Sipat                     tegese wujut
  3. 3.      Asma                    tegese sami
  4. 4.      Apengal               tegese panggawe
  5. 1.      Wujut iku wahana, wahana iku getih, mula getih iku wahanane roh
  6. 2.      Ngelmu iku makripat, mula makripat iku pangawasane roh
  7. 3.      Nur iku cahya, mula cahya iku dadi tandhane roh
  8. 4.      Suhuk iku sakadi, sakadi iku apan, mula sapan iku dadi tandhane roh.

******************************************************************************

  1. 1.      Margane pati kayata duk samadi, Gusti nunggal lawan kawula, wus ora ngalah ngalih panggon lan ora mangeran marang wujut.
  2. 2.      Sangune pati : Katresnanira marang Pangeran  bisane sampurna lahir tumekane bathin.
  3. 3.      Ketemune pati : Pasrah utawa Semendhe  kersane Pangeran
  4. 4.      Panggonane Pati: dumunung telu-telune manunggal urip kang nguripi Kang gawe urip. Urip tegese getih karo napas.Wiji saking tirta Kamandhanu kang nguripi Prabawane Trimurti, patemone Bumi, Geni, banyu, angin. Kang gawe urip Purbane Premana Jati, Kuawasane Hyang Sukma.

1. Pathine urip kang ana jagat cilik nami Tri Purusa, kayata :

  1. 1.      Sarining napas kawengku Kraton Wahyamaya ing Utek
  2. 2.      Sarinig Getih kawengku Kraton Daryamaya ing Jantung, jumeneng Mahnimahmaya
  3. 3.      Sarining Rasa kawengku Kraton Linggamaya ing Ati, jumeneng Sarimahmaya

2.Pathining urip kang ana ing jagat Gedhe nami Tri Karasa.

  1. 1.      Sarining Angin kawengku Kraton Wahyamaya, saka Prabawane Lintang
  2. 2.      Sarinig Banyu kawengku Kraton Daryamaya,saka Prabawane Rembulan
  3. 3.      Sarining Panas kawengku Kraton Linggamaya, saka Prabawane Srengenge
    1. 1.      Sarining Napas manusup gathuk karo sarining angin dadi obah-osiking kaelingan kita
    2. 2.      Sarining Getih manusup gathuk karo sarining banyu dadi obah-osiking pangrasa pancering urip kita
    3. 3.      Sarining rasa manusup gathuk karo sarining panas dadi obah-osiking angen-angen kita.
  • Mahdimahmaya kumara saking pambukaning eling madeg cipta sasmita swara
  • Mahdimahmaya kumara saking pambukaning pangrasa madeg cipta sasmita ganda.
  • Sahri mahmaya kumara saking pambukaning angen-angen madeg cipta sasmita rupa
    • Panarike  swara kamireng alam Tejamaya kaya pecahing Supana
    • Panarike ganda kamireng alam Tejamaya kaya pecahing Supana
    • Panarike Rupa kamireng alam Tejamaya kaya pecahing Supana

 

 

  1. 1.      Sajroning sirah iku utek, sajrone utek Wahyamaya ya Bintal Makjur ingkang dumunung ing Akasa. Alip muntaklimun wakip, telenging Alip muntaklim wakip, Dat kang amurwengrat, Telenging Dat kang amurwengrat Hyang Maha Kuwasa.
  2. 2.      Sajrone dhadha sak ngandhape susu kiwa iku ketek, ketek iku pamoking jantung, telenging Jantung Daryamaya, ya Bintal mukyat. Ingkang dumunung ana ing kono Alip mutabakin. Telenging Alip mutabakin sejatine kang Gesang datanpa wruh.
  3. 3.      Sajrone dhadha iku Ati, Sajrone Ati Linggamaya ya Nital Mukaram. Ingkang dumunung ana ing kono Angen-angen yaiku rasa, cipta, budi, karsa winastanan Pancadriya pinancaran pangrasa pancaring urip
  4. 4.      Sajrone perji, menawi Jaler Panta Purusa. Menawi Estri Pasti Kaba winastanan Nindyamaya, ya Bintal Mukadas. Ingkang dumunung ana ing kono iku Prana makarti kudhaning sang lulut, sengseme gegosokan, sengseme marindinging ilining mani saka telenging Prana Kekalih.