Tags


Pambuka

Kadipaten Jepara menika salah satunggaling kadipaten ingkang sampun dangu, kathah kabudayan ingkang sinimpen ing kadipaten menika wiwit saking kutha dumugi padesan. Salah satunggaling kabudayan ingkang taksih lestari dumugi dinten menika inggih menika  Cariyos Ratu kalinyamat.

Cariyos Ratu Kalinyamat menika sumebar ing Kadipaten Jepara amargi tumindakipun kala rumiyin dados masyarakat tansah paring kurmat dhumateng asmanipun. Wonten ing desa Tulakan, kecamatan Keling, Kadipaten Jepara menika wonten sawijining papan pretapanipun Ratu Kalinyamat. Ing ngriku uga wonten upacara manganan lan upacara Jembul. Kanthi seseratan menika ngrembag bab pretapan ratu kalinyamat.

Cariyos Pertapan Ratu kalinyamat

Asma timuripun Ratu kalinyamat menika inggih Retna Kencana, Putri sultan Trenggana raja Demak (1521-1546). Rikala taksih timur panjenenganipun dipunkramaaken kaliyan Pangeran Kalinyamat saking Aceh. Ingkang asma timuripun Raden Thoyib, putranipun Sultan Mukhayat Syah raja Aceh (1514-1528), kagem anyingkiri prang kaliyan sedherekipun, Raden Thoyib alelana njajah nagari kanthi nitih Baita ngupadi ngelmu urip. Wonten ing lelanan menika Raden Thiyib saged luwar saking aceh lajeng dumugi tlatah Tiongkok ( Cina). Panjenenganipun dipundadosaken putra angakt dening patih Tjie Hwio Gwan. Asma Wintreng menika kanthi cara Jawi dipunwastani  Tjie bin Thang inggih menika asma enggal kagem Raden Thoyib. Sasampunipun gangsal taun lajeng panjenenganipun nitih baita lan dumugi ing Pelabuhan Bandar Jepara.

Kala samanten Bandar Jepara menika pelabuhan dagang ingkang sampun rejo. Raden Thoyib lajeng syiar lan paring piwulang bab Agami Islam dhateng sedaya masyarakat kanthi cara alus. Lajeng para warga ingkang saderengipun pitados dening agami Hindu lan Buda saged pitados dateng taukhid ingkang dipunbegta dening Raden Thoyib. Wusana Raden Thoyib anggadahi pikajengan ngabdi dumateng kadipaten Kalinyamat ingkang nguwasani jepara. Raden Thoyib menika sawijining taruna ingkang bagus pasuryanipun , gagah prekasa dados Ratu kalinyamat ketaman asmara kaliyan panjenenganipun. Sasampun palakrama , Ratu Kalinyamat maringaken panguwasanipun dhumateng Raden Thoyib lajeng gipunparingi asma Sultan Hadlirin ingkang ngemot teges Raja ingkang dumugi saking tlatah sabrang ingkang sinebat Pangeran Kalinyamat. Rama angkatipun Sultan Hadlirin selaminipun wonten Tiongkok menika dipunaturi tindak dhateng Jepara lan dipunjumenengaken dados patih kadipaten supados saged mbiyantu pangrehprajan ing Jepara.

Ratu kalinyamat menika gadhah sedherek utawi kangmas ingkang asma sunan Prawata. Nata ingkang kaping sekawan ing tlatah Demak Bintara.  Lajeng panjenenganipun dipunpejahi dening utusanipun Arya Penangsang. Ratu Kalinyamat ngawuningi bilih keris Kyai Bethok kagunganipun Sunan Kudus taksih tumancep ing layonipun kakangipun. Sasampunipu mangretos bab kados makaten, Ratu kalinyamat sekalian sowan  dhateng sunan Kudus niti priksa.

Sunan Kudus menika salah sawijining Ulama utawi guru agama kagem sunan Prawata, Sultan Pajang utawi Sultan Hadiwijaya. Sunan Kudus menika uga panyengkuyungipun  Arya Penangsang wonten ing  regejegan panguwaos ing Demak. Ratu Kalinyamat lajeng nyuwun adeging angger-angger  sesambungan kaliyan sedanipun kakangipun. Sunan Kudus lajeng  njlentrehaken bilih Sunan Prawata menika sampun nate mejahi Pangeran Sekar Sedo Lepen, ramanipun Arya Penangsang dados boten klentu menawi panjenenganipun pikantuk piwales.

Ratu kalinyamat kuciwa dhateng sunan kudus. Lajeng panjenenganipun sekalian kondur dhateng Jepara. Wonten ing madyaning margi, penjenenganipun dipunsimpangi kaliyan jongosipun Arya penangsang ngantos dados peranglan Pangeran Kalinyamat Seda.

Kanthi keranta-ranta Ratu Kalinyamat ingkang sampun kecalan tiyang kinasih, Lajeng Ratu Kalinyamat nindakaken tapa brata nyuwun pitulungan saking Gusti ingkang akarya jagad lan gadhah pangajeng-ajeng saged paring pinwales dhateng Arya Penangsang. Kocapa Ratu Kalinyamat boten badhe ngampungi anggenira tapa brata sakderenge Arya Penangsang pejah.

Salajengipun Sultan Hadiwijaya  tindak dhateng pertapanipun Ratu Kalinyamat, wonten ing ngriku Ratu Kalinyamat among paring palilah dhateng Hadiwijaya supados saged mejahi Arya Penangsang.

Sultan Hadiwijaya rikuh menawi lawan tandhing kaliyan Arya Penangsang amargi taksih sami-sami kaluwarga kraton Demak BIntara. Lajeng panjenenganipun rembugan kaliyan KI Pemanahan, KI Penjawi lan KI Juru Mertani. Lajeng Sultan Hadiwijaya ngawontenaken sayembara sinten mawon ingkang saged mejahi Arya penangsang badhe dipunparingi Siti Mataram.  Lajeng Danang Sutawijaya saged mejahi Arya Penangsang. Lajeng siti Mataram dipunparingaken Ki Penjawi lan Ki Juru mertani wondene Siti Pati dipun paringaken Ki Pemanahan. Lajeng Sultan Hadiwijaya dhawuhi Ki Pemanahan supados paring warta ingkang sae menika dhateng Ratu Kalinyamat saha begta ludira lan rikmanipun Arya Penangsang.

 

 

Paedahipun  Cariyos Pretapan Ratu Kalinyamat

  1. Supados putra wayah saged mangertos mulabukanipun leluhur.

Cariyos rakyat Ratu Kalinyamat menika sasmbungan rajet sanget kaliyan mulabukanipun kadipaten Jepara, kados pundi lan sedaya bab Ratu Kalinyamat.

  1. Tiyang saged mangertosi lan paring kurmat dhateng salah sawijining priyayi ingkang gadhah tumindak ingkang sae dhateng sesami.

Salah setunggaling cara kagem ngurmati ratu Kalinyamat inggih menika ngreksa kahanan petilasan lan kali ingkang dipungunaakaen dening ratu Kalinyamat.

  1. Tiyang saged mangretosi sesambungan sarsilah kakeluwargan, wondene sampun kesah wonten papan tebih dados sesambungan menika boten pedhot.

Nyadran minangka upacara ingkang saged ngraketaken paseduluran wonten ing desa Tulakan.

  1. Tiyang saged mangertosi mulabukanipun salah sawijining papan ingkang dipunwiwiti kanthi rekaos.

Tiyang saged mangretosi sejarah papan pratapan Ratu lKalinyamat menika.

  1. Tiyang saged mangertosi kahanan kampungipun, bab alam lan adat budayanipun.

Masyarakat desa Tulakan menika tansah ngreksa alam sakiwatengenipun.

  1. Tiyang saged mangertosi Pusaka ing sawijining papan.

Ing papan pretapan wonten bumbung ingkang isinipun rekmanipun ratu Kalinyamat nalika nglakoni tapa brata.

  1. Tiyang saged mundhut sawijining patuladhan saking priyayi jaman kina supados saged tumindhak kanthi permati.

Petilasan pertapan menika dipunwastani papan ingkang wingit kaliwat angker dados menawi wonten masyarakat ingkang nerak wiwaler ing ngriku mesthi angsal paukum.

  1. Tiyang saged remen, lan pakaryan ingkang awrat dados entheng.

Upacara tradisi Jembul menika salah sawijining  upacara ingkang saged ngremenaken dhateng masyarakat desa Tulakan. Awit Upacara menika kawiwitan donga, lajeng dhahar sesarengan lan pungkasanipun wonten pagelaran ringgit purwa sedalu natas.

  1. Kangge kesarasaning tiyang ingkang pitados

Toya sendang ing papan Pretapan menika dipunpitados saged paring kasarasan dhateng sinten ingkang gerah.

  1. Kangge mangertosi bab Alam sakiwatengenipun.

Kaprecayan cariyos rakyat wonten desa Tulakan menika  saged dipunpirsani saking lestantunipun upacara manganan lan Jembul . Masyarakat desa Tulakan menika ngreksa bab wau supados putra-wayahipun saged nglestantunaken cariyos menika ngantos selajengipun.