Tags

,


 

Eee endah temen megane putih memplak mayungi gunung-gunung,byak byak

Pancurane katon banyune bening, mili ngitir ing sawah tan ana cicir…

Mangkono swarane gendhing ketawang Subakastawa Rinengga saka kadohan. Rasane tentrem lan ayem ana jroning ati. “apa ya mangkene iki kahanan Jawa duk rikala mbah Narto Sabdo ngripta gendhing iki” batinku. Dina iki aku bali menyang omahe eyang ing Sawangan Magelang, ee ndelalah ana sing ewuh mantu klawan swaraning pas gendhing iku mau. Ing kono aku nyawang sinawang kaendahaning gunung Merapi, dasar bubar udan gerimis hawane tambah atis. Pedhut-pedhut uga padha nyambangi ngemper-ngemper omah tinggalane Landa ana kene. Wiwit saka jaman Walanda Sawangan iku kalebu papan kanggo Vulkanische observatie kantoor. Mula tekan sakiki Sawangan dadi sawijining papan pariwisata kang regeng, apa maneh wayah preinan sekolah kaya mangkene.

Suwe rasane aku ora dolan mrene, kira-kira wis 20 tahunan. Wiwit aku durung sekolah nganti kuliah semester tua mangkene. Kahanane saya beda, sansaya panas lan akeh bangunan. Nadyan eyang wis swarga nanging para sedulur isih padha omah-omah ana kono.Dadi aku ora keweden yen dewe. Meh surup hawane tambah adem, grimis lan pedhut uga durung ilang. Sinambi padha ngisep ses klobot karo teh Mlati , aku isih jagongan karo sedulur-sedulur. Pawon isih murup ing ngisoring paga. Jagung-jagung keng gumantung uga nambahi rasa tentreming padesan kang ora kurang pangan. Uga ora keri, para dulur padha rerasan bab Gedhong Kuning, Loji Landa sapingiring alas Babadan. Miturut critane eyang, biyen Gedhong Kuning iku kagungane Ndara Sinder. Nanging sakiki ora ana sing ngerti, isih ana sing nunggu Gedhong iku apa ora. Ana crita sing nunggu gedhong iku wus urip langgeng, dadi Siluman Lawa utawa wong Eropah mastani Vampir. Aah dadi mrinding kabeh awakku bengi iku. Saking regenging wawan rembug ora krasa yen wis meh mrepeg rahina.

Ngancik wayah esuk, aku mlaku-mlaku ana ing sakiwa-tengene desa iku mau. Sakdawaning dalan katon asri. Akeh wit-witan sing ngrembuyung godhonge, kebon sawi padha  kembang kuning tenger yen bubar panen. Merapi saka kadohan katon wilis, biru maya-maya. Imbang lan jurange gunung katon cetha. Sawise entek dalan, aku lewat dalan cilik nuju Villa Landa, wong desa ngarani Gedhong Kuning.

“wah, yo blegere omah gedhene kaya ngene. Sakagurune dhuwur tur gedhe. Platarane jembar akeh wit cemara kang katon asri. Ing tengahe ana kolam iwak lan ana patung malaekat kaya ing Negara Eropah kae ya” batinku.

Sanadyan wedi nanging rasa kepengin ngerti kaendahane lan misteri Gedhong Kuning sansaya gedhe. Biyen jaman aku cilik eyang ora marengake aku dolan mrono, marga papan iku kalebu papan kramat,  wingit tur angker kanggo wong desa. Alon-alon aku mlebu latar, nglewati gapura dhuwur lan pagere wesi kang hiasane kaya wujud kembang. Nyata pancen omah iku wis ora nate diresiki. Akeh sulur-sulur kang mrambat ing pager mau. Kolam tengah latar iku uga kebak lumut, warna banyune ijo lan akeh Genjer sing ana kono. Suket teki ngebaki plataran, lan sing paling gawe giris iku wit Kanthil ana kulon gedhong. Wit kanthil kang umure wus atusan taun, gedhene kira-kira yen dirangkul wong papat durung mesthi bisa. Gandane kembang Kanthil arum mrepegi sakiwa tengene gedhong iku mau. Rasane kaya ana memedi sewu sing teka. “aaaah, mung pangrasaku” omongku rada sora, kareben nora wedi.

Aku saya cerak karo gedhong, jubin marmer kang warnane kaya gadhing mratandhani yen biyen sing kagungan omah iku wong gedhe. Sanalika mendung peteng lan angin gedhe ana ing kono. Pancen sasi Desember mangkono udan ora nganggo wayah. Udan deres kaya disok-soka saka langit. Kepeksa aku ngiyup ana ing gedhong iku. Atiku dheg-dhegan ora umum, embuh ana apa. Kahanan sepi ing gedhong iku nambahi rasa wedi, kaya-kaya ana saklebatan uwong kang maspadake tekaku. Udan deres nganggo barat gedhe, mbuh kapan mandhege.

Kejot rasane atiku, saka menara gedhong sisih tengen krungu swara Piano, kang surasane kaya lagu Elise. Ndrodog lemes awakku sanalika, ana pikiranku mung bangsa sing ala-ala wae.

“ apa njuk aku arep dadi mangsane Siluman Lawa ya” mangkono batinku.

Aku kaya kelangan daya pangaribawa, rumangsaku aku wis arep mlayu nanging awakku lemes. Rumangsaku aku arep bengok-bengok jaluk tulung nanging ora bisa metu swarane. Aku kaya disirep, dadi ora isa obah. Aku mung meneng lan ngrungokake swarane piano Elise iku mau. Swarane piano saka oktaf cendhek munggah dadi dhuwur. Rasane sansaya ngeres ing ati. Bareng swarane wus meneng aku nyawang ngiwa-nengen rasane kaya ana sing lewat neng buri kaca lawang. Kejot rasane atiku, ana pawongan kang sepuh nyeraki aku. Pawongan kang dedege dhuwur, rekmane wus putih kabeh, pakulitane putih kaya mayit urip. Irunge mancung, netrane warna biru mblalak mratadhani pancen nora klebu jinising wong Jawa. Pikiranku sansaya ngambang neng endi-endi. Sanalika pawongan sepuh iku mau ngomong ;

“ Goeden Morgen”.

“Go gooeden Morgen” wangsulanku nganggo basa Landa karo ndredeg.

“kamu orang darimana hey, mampir ke rumah saya”

“ kula tiyang Candhen Sawangan, ndara”

“ oo, Candhen. Mangga masuk” pawongan tuwa iku mau mangsuli nganggo logat Landa-Melayu.

Sawise mlebu ana gedhong iku mau pawongan sepuh iku mau paring piterang bab dheweke.

“ ik naam, Van Pasteur. saya orang disini menjaga rumah. Jangan takut saya orang bukan dedemit. Mangga diunjuk koffie-nya” mangkono wangsulane pawongan mau.

Rasa wediku sansaya ilang, amarga pancen dheweke iku dudu dhemit kaya ingkeng wus diceritakake. Sawise dina iku, aku malah asring mrono lan wong-wong desa uga padha biyantu resik-resik Gedhong. Bungah rasane atik, Gedhong iku tambah regeng. Saben bengi akeh wong desa kang padha wungon ana kono. Aku uga asring dolalan Piano. Ora krasa preinanku wis rampung, aku kudu bali menyang Jakarta. Abot rasane ati, nangin aku kudu mlebu kuliah maneh. Sakdurunge bali aku mampir gedhong pamit Van Pasteurm panjenengane uga ngaturake panuwun marang aku. Dheweke masrahi aku buku kumpulane not-not Piano karyane Van Troopen, eyange van Pasteur kang uga salah sawijining perwira pangarsaning KNIL Magelang.

“dit boek buat belajar ya, ini ber-titel Aesthetica Veronica”

“Matur nuwun” wangsulanku.

Sawise mangkono aku bali menyang Jakarta. Sawatara suwe kurang luwih nem sasi, aku kepengin bali maneh ana Magelang. Marga kangenku karo kahanan ing padesan uga tamtu merga eyang Van Pasteur. Amarga dhuwit pas-pasan aku bali numpak kreta Senja Bengawan saka stasiun Tanah Abang mudhun stasiun Lempuyangan. Bibar saka kono aku numpak bis jurusan Magelang. Sawise mudhun pretelon dalan Yogya-Magelang, aku langsung ngojek jujug Gedhong Kuning. Sawise teka ngarep Gedhong Kuning, aku mlebu nemoni Van Pasteur. Saka kadohan ing menara tengen katon pawongan tuwa kang ngawe aku. Batinku “ wah pancen aku wus diarep-arep karo Van Pasteur”. Tekan menara, Van Pasteur rikat ngrangkul aku. Kaya biasane aku klawan Eyang Van Pasteur dolanan Piano. Bombong rasaning atiku, aku uga nduduhake hasil gladhenku yaitu dolanan piano nganggo not  Aesthetica Veronica. Van Pasteur among mesem lan ngendika “goog, good. Bagus sekali zij punya permainan. Ya habis ini belajar yang cakap ya, sebentar aku maken een Koffie voor kamu orang”. Aku mung manthuk-manthuk ngiyani, kaya padatan Van Pasteur mesthi gawekake Kopi kanggo para tamune.

Wus sakjam luwih Van Pasteur ora bali-bali. Aku isih ngenteni, sapa ngerti dheweke duwe pagaweyan liya. Nganti wayah surup, kapeksa aku bali saka kono bablas gone sedulurku. Amarga Van Pasteur ora ana, aku kapeksa bali tanpa pamit. Sawise teka griyane eyang kaya padatan aku jagongan nganti esuk ing Pawon. Dakceritaake kadadeyan mau awan, bab aku jujug dhisik gone Van Pasteur. Sakanane wong neng pawon iku padha meneng cep kaya-kaya gumun karo critaku. Pakde Semiran sak jek ngendika;

“eh, tenan ora critamu kuwi? ngene lho Ren eyang Van Pasteur iku wus seda 40 dina wingi.”

“adhuh Gusti, lha ingkang kula temoni kala wau sinten” Kejot rasane atiku.

Parak esuk, aku didherekake nyekar menyang pasareyan Walanda ing sakidule Bakorwil Jateng II Magelang. Sawise seminggu ana kono, aku arep bali menyang Jakarta maneh. Dina pungkasan sakdururnge bali aku nyelakake wektu kanggo mampir neng Gedhong Kuning.Ya idhep-idhep kanggo sangu kangenku ana Jakarta. Sawise teka Gedhong Kuning, aku mung ana ngarepan gapura lan nyekel pager wesi kang dirambati sulur-sulur anyar. Marem anggone nyawang neng kono, aku mbatin alon-alon.

“ Van Pasteur, matur nuwun ”

Angin sumribit saka gunung Merapi mrepeki Gedhong Kuning, swaraning manuk Emprit padha ngoceh kaya nguntapke gonku pamit. Aku banjur mlaku sansaya adoh saka gedhong. Alon-alon ririh saka kadohan aku krungu swara Piano nganggo titi wirama Elise. Aku mandheg, mengo memburi lan nyawang gedhong saka kadohan. Ah mrinding kabeh awakku.

“Banjur sapa sing dolanan Piano iku mau ?”

Angen-angenku ngumbara kaya pedhut kang mabur ing dhuwuring redi Merapi. Rdr.